The Tower of Babel (Genesis 11: 1-9)
basa Jawa (Javanese)
Javanese alphabet version of this text by Nurrahim Dwi Saputra
Menara Babil
- Anadene wong sajagad iku padha tunggal basa lan tunggal tembung.
- Kacarita bareng padha lumaku mangetan, banjur weruh ara-ara jembar ing tanah Sinear, tumuli padha manggon ana ing kono.
- Banjur padha rasanan: "Payo padha nyithak bata lan diobong kang mateng." Batane kanggo watu pasangan, lan kang digawe lepane aspal.
- Pangucape maneh: "Payo padha yasa kutha, nganggo menara kang pucake sundhul langit, supaya jeneng kita dadi misuwur lan kita aja nganti pating slebar ana ing salumahe bumi."
- Sang Yehuwah tumuli tumedhak karsa mirsani kutha lan menara kang lagi dibangun dening para anaking manungsa mau;
- sarta pangandikane Sang Yehuwah: "Lah wong-wong iku padha tunggal basa; iki lagi wiwitaning kekarepane, mengko rak bakal wus ora kena diendhakake apa kang dadi sedyane.
- Payo, Kita padha tumedhak lan ngisruhake basane, supaya siji lan sijine aja nganti ngreti basane."
- Mangkono dadine Sang Yehuwah mbubarake wong-wong mau saka ing kono menyang ing salumahing bumi, temahan padha kandheg anggone padha yasa kutha.
- Mulane tilase mau diarani: Babil, marga ana ing kono Sang Yehuwah anggone ngisruhake basane wong-wong ing salumahing bumi, lan saka ing kono Sang Yehuwah anggone mbuyarake wong-wong mau menyang ing salumahing bumi.
Source: Kitab Suci. Old & New Testament (Revision) in Javanese.
Lembaga Alkitab Idonesia, Indonesian Bible Society, 1981.
Contributed by Wolfgang Kuhl
Information about Javanese
Useful phrases in Javanese |
Numbers in Javanese
Tower of Babel in Javanese |
Javanese learning materials
Tower of Babel in Malayo-Polynesian languages
Acehnese,
Adzera,
Amarasi,
Ambrym,
Ata Manobo,
Balinese,
Bariai,
Batak Angkola,
Batak Simalungun,
Batak Toba,
Biatah Bidayuh,
Bikol,
Bola,
Bugis,
Caribbean Javanese,
Cebuano,
Chuukese,
Dawan,
Fijian,
Futunan,
Hawaiian,
Helong,
Hiligaynon,
Hiri Motu,
Iban,
Iloko,
Indonesian,
Itawis,
Ivatan,
Kadazandusun,
Kapampangan,
Keley-i,
Kinaray-a,
Kiribati,
Kosraean,
Javanese,
Luang,
Makassar,
Malagasy,
Malaweg,
Malay,
Māori,
Marshallese,
Matigsalug Manobo,
Mbula,
Misima-Paneati,
Mortlockese,
Motu,
Nali,
Ngaju,
Nias,
Niuean,
North Efate,
Nyindrou,
Paama,
Pangasinan,
Pangutaran Sama,
Pohnpeian,
Rarotongan,
Rotuman,
Sakao,
Samoan,
Saveeng Tuam,
Southern Kalinga,
Suau,
Sundanese,
Tagalog,
Tagbawa,
Tahitian,
Tolai,
Tongan,
Toraja-Sa'dan,
Tungag,
Tuvaluan,
Tuwali,
Ubir,
Yabem,
Yapese
Other Tower of Babel translations
By language |
By language family
Learn Chinese Characters with the Omniglot Chinese app